Cerita Pendek Bahasa Jawa



Contoh Cerita Tentang Gotong Royong Bahasa Jawa Pada

Udan Deres, Contoh Cerita Singkat Bahasa Jawa

Jalan-jalan ke perkampungan nelayan Sidoarjo

Contoh Cerita Singkat Bahasa Jawa – Wiwit esuk nganti awan srengenge ora ketok amarga kaling-kalingan mendung ireng sing sumubar rata ing langit. Hawa krasa adem amarga angin nggawa uaping banyu. Aku klisikan lungguh ing ruang tamu. Sedilit-sedilit ngulati njaba nganti ora nggagas yen Ibu wis ngadeg ing jejerku.

“Ngenteni sapa ta, Rul, kok sajak penting banget. Ora usah dolan dhisik lho. Sawangen njaba kae mendhunge kandel banget. Bakale udan deres,” mangkono pesene ibu.

Durung ana samenit pesene Ibu mlebu kupingku, saka njaba Adi lan Banu wis celuk-celuk.

“Ruli… Ruli….” Mak blass… aku mlayu nemoni Adi lan Banu sing lagi anguk-anguk pager.

“Piye, Rul, sida melu menyang omahe Soni, ora?” pitakone Banu pas aku metu saka pager.

“Jelas melu,” wangsulanku karo nutup pager.

Aku, Adi, Banu, lan Soni kanca sakelas ing kelas 5 SD Kedawung. Wis seminggu iki Aku, Adi, lan Banu bubar mulih sekolah mesthi dolan ing omahe Soni amarga Soni duwe Play Station anyar hadiah ulang taun saka bapake.

Cerpen Basa Jawa

Omahe Soni ing kompleks perumahan Cempaka Indah, rada adoh saka omahku. Biasane, aku, Adi, lan Banu cukup mlaku yen dolan menyang omahe Soni. Kaya sore iki, aku, Adi, lan Bayu mlaku. Ora nganti limalas menit mlaku akhire tekan mahe Soni. Banu mijet bel ing cedhak lawang.

Ting tong ting tong. Ora suwe Soni dhewe sing mbukak lawang. “Ayo mlebu, wis daksiapake PS-e,” omonge Soni karo nutup lawang maneh.

Langsung wae aku, Banu, lan Adi mlebu omahe Soni banjur milih panggon lungguh sing kepenak kanggo dolanan PS. Pancen nyenengake yen lagi asik dolanan, apa maneh main PS bareng kanca-kanca. Wektu kaya kurang.

Dumadakan, keclapp jederrr…! Swara bledeg ngagetake aku sakanca. Swara bledeg mau kaya ngelingake aku supaya mulih. “Mumpung durung udan aku kudu mulih wae,” batinku.

“Yen nganti mulih kudanan mengko Ibu mesthi duka. Apa maneh mau Ibu wis meling yen aku ora oleh dolan dhisik.”

Daksawang Soni, Adi, lan Banu isih padha asyik dolanan. Malah tambah rame. “Wah mulih ra, ya,” batinku. Nanging swarane Ibu kebayang-bayang terus, kaya nggoyak-oyak aku supaya mulih. Akhire aku pamit karo kanca-kancaku yen arep ndhisiki mulih.

“Lho, Rul, ing kene dhisik wae. Wong arep udan kok malah pamit mulih,” Soni nglarang aku pamitan.

“Ora, Son, aku dakmulih wae. Mau aku ora pamit Ibu. Mula aku dakmulih dhisik wae mengko Ibu bingung nggoleki aku.

“Yen ngono ibumu tilpunen wae. Kae nganggo tilpun omahku. Ngomong yen kowe dolan ing omahku mulihe rada mengko,” sarane Soni.

Tekadku pengin mulih luwih kuat tinimbang tetep ing omahe Soni. Akhire aku mulih ijen amarga Banu lan Adi isih pengin dolanan. Durung nganti limang menit mlaku saka omahe Soni dumadakan mak bresss… Udan wis mudhun.

Cerita Cekak Basa Jawa

Aku mlayu golek papan sing bisa kanggo ngeyup. Kebeneran ing pinggir dalan ana warung makan sing wis tutup dadi aku bisa ngeyup ing kana. Pas mlebu warung udan wis deres banget. Ngeyup ing warung aku ngadeg ing sisih kursi-kursi dawa sing wis dijengkelitake ing ndhuwur meja lan digembok rante.

Warung sepi ora ana wong liya sing ngeyup kajaba mung aku. Sepine warung saya ngelingake yen udan saya deres, swarane banter banget. Aku ngadeg karo sedhakep, “Coba mau nurut Ibu, mesthi ing omah bisa ngombe teh anget, apa maneh yen Ibu nggoreng tempe kripik,” batinku getun banget.

Kelingan ngono kaya-kaya aku ngambu tempe kripik sing digoreng Ibu. Hmm tempe kripik, tempe sing diiris tipis-tipis terus diglepungi dhisik sadurunge digoreng. Wengi-wengi yen aku lagi sinau utawa nggarap PR biasane Ibu nggorengake tempe kripik kanggo aku.

“Iki Rul, tempe kripik kanggo kanca sinau.” Aku apal banget swarane Ibu yen nggawakake tempe kripik pas aku sinau. Ibuku paling seneng yen ngerti aku sinau, nggarap PR, utawa lagi maca buku.

Biji pelajaranku ing sekolah ora tau punjul saka angka pitu, Ibu tetep seneng. Sing penting gelem usaha lan terus sinau amarga ilmu sing oleh saka sinau kuwi kanggone salawase dadi ora diukur saka biji ing sekolah. Mangkono nasehate ibuku.

Tes… tes… trocohan banyu ngilangake lamunanku. Banyu netes saka pyan warung sing wis padha pecah-pecah. Tetese banyu ngenani klambiku. Telese klambi ing kulit krasa anyep. Awakku dadi kademen gek udan isih deres.

Tes… tes… tes, trocohe banyu saya akeh. Wah piye ya, nekat mulih apa tetep ngeyup. Yen ngeyup klambi wis kebacut klebus, nanging yen nekat mulih udan isih deres. Wadhuh, Ibu mesthi duka, mau wis meling yen aku ora oleh dolan dhisik amarga mendhunge peteng banget.

Saya suwe atiku saya krasa ora penak. Piye yen ibu nggoleki aku. Arep menyang ngendi wong aku mau ora pamit. Akhire aku nekat mulih. Aku mlayu ing tengah udan deres. Ora suwe awakku wis klebus, klambi lan clana teles dadi kelet ing kulit. Banyu udan sing ngenani rai krasa pating clekit.

Kabeh kuwi wis ora dakrasakake. Sing penting aku bisa tekan omah, ganti pakaian sing garing terus njaluk pangapura karo Ibu. Saya suwe mlayuku saya tambah banter nanging udan tetep isih deres.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.

Gallery Cerita Pendek Bahasa Jawa

Dongeng Bahasa Jawa For Android Apk Download

Cerkak Cerita Cekak Sepatu Anyar

Cerpen Bahasa Jawa Baru安卓下载 安卓版apk 免费下载

Perpustakaan Balai Bahasa Jawa Tengah Antologi Cerita

Cerita Pendek Bahasa Jawa Docx

Cerita Pendek Cerpen

Doc Sastra Jawa Melawan Globalisasi Ichwan Prasetyo

Cerita Kehidupan Film Pendek Bahasa Jawa Tobatte Cah Tukang

Cerita Rakyat Jawa Timur

Kumpulan Cerita Rakyat Dalam Bahasa Jawa

Cerita Pendek Bahasa Jawa Docx

Sumunar Antologi Crita Cekak Bengkel Sastra Jawa 2006

Cerita Rakyat Tersingkat Dalam Bahasa Jawa Brainly Co Id

Cerita Wayang Ramayana For Android Apk Download

Puisi Bahasa Jawa

Cerpen Bahasa Jawa Lutung Kasarung Docx Document

Pengembangan Media Pembelajaran Memahami Cerita Legenda

Cerita Rakyat Bahasa Jawa Aplikasi Di Google Play

Pagupon Mbah Pon Pembelajaran Etika Lewat Bahasa Jawa

Download Cerpen Bahasa Jawa Baru Apk Latest Version 1 1 0

Video Lucu Bahasa Jawa Free Download

Perpustakaan Balai Bahasa Jawa Tengah Alayasastra Vol 14

Kumpulan Cerita Rakyat Dalam Bahasa Jawa

Dongeng Bahasa Jawa For Android Apk Download

Cerpen Bahasa Jawa Baru For Android Apk Download

Kumpulan Cerita Rakyat Dalam Bahasa Jawa

All Categories Dilasopa


0 Response to "Cerita Pendek Bahasa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel